السلامعليكمورحمةاللهوبركاته
Contoh Pidato Maulid Nabi Muhammad SAW Bahasa Jawa Kr0mo
Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Krama
Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.
Poro rawuh ing saat meniko monggo
kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun
junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat,
Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat,
boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat,
mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking
panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.
Isi Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa :
Poro rawuh
ingkang minulyo!
Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:
Ingkang artosipu
“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Poro Bapak
poro Ibu ingkang minulyo!
Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene
menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan,
lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo?
Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu”
asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.
Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد
Ingkang Artosipun
“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

selangkapnya
0 Response to "Contoh Pidato Maulid Nabi Muhammad SAW Bahasa Jawa Kromo"
Posting Komentar